Sony Xperia Z5 - Layar Ngarep

background image

Layar Ngarep

Layar Ngarep iku titik wiwitan kanggo nggunakake piranti. Iki meh padha karo desktop

ing layar komputer. Layar Ngarep bisa nduweni nganti rong puluh panel, luwih akeh saka

ambane tampilan layar biasa. Cacahing panel layar Ngarep dituduhake dening sarumpun

titik ing sisih ngisor layar Ngarep. Titik sing disorot nuduhake panel sing saiki lagi

ditampilake.

24

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

1

Sugeng rawuh menyang widget Xperia™ — Tutul kanggo mbukak widget lan pilih tugas kayata nyalin isi

saka piranti lawas utawa nyetel layanan Xperia™

2

Titik — Nuduhake cacahing panel layar Ngarep

Kanggo pindhah menyang layar Ngarep

Pencet .

Kanggo nelusur layar Ngarep

Panel layar Ngarep

Sampeyan bisa nambah panel anyar menyang layar Ngarep (nganti maksimal rong puluh

panel) lan mbusak panel. Sampeyan uga bisa nyetel panel sing pengin digunakake

minangka panel layar Ngarep.

Nyetel panel minangka panel layar Ngarep

1

Tutul terus area ing layar Ngarep nganti piranti kedher.

2

Gulung cepet ngiwa utawa nengen menyang panel sing arep disetel minangka

panel layar Ngarep utama, banjur tutul ing pojok kiwa ndhuwur layar.

Nalika Google Search & Now diaktifake, panel paling kiwa disimpen kanggo layanan iki lan

tambahan panel layar Ngarep utama ora bisa diowahi. Kanggo katrangan lengkap, deleng

Google Search & Now

ing kaca 134.

25

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nambahake panel menyang layar Ngarep

1

Tutul terus area ing layar Ngarep nganti piranti kedher.

2

Gulung cepet terus menyang tengen utawa kiwa, banjur tutul .

Nalika Google Search & Now diaktifake, panel paling kiwa disimpen kanggo layanan iki lan

tambahan panel ora bisa ditambahake menyang kiwa. Kanggo katrangan lengkap, deleng

Google Search & Now

ing kaca 134.

Mbusak panel saka layar Ngarep

1

Penet terus bageyan apa wae ing layar Ngarep nganti piranti kedher.

2

Gulung ngiwa utawa nengen kanggo nlusuri panel sing arep dibusak, banjur tutul

ing pojok tengen panel.

Setelan layar Ngarep

Mateni utawa mbusak instalan aplikasi saka layar Ngarep

Mateni aplikasi sing diinstal sadurunge bisa mbusak kabeh data, nanging aplikasi bisa

diaktifake maneh saka

Setelan >Aplikasi. Mung aplikasi undhuhan sing bisa dibusak kabeh

instalane.

1

Tutul terus area ing layar Ngarep nganti piranti kedher.

2

Gulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo njlajah panel. Kabeh aplikasi sing bisa

dipateni utawa dibusak instalane dituduhake dening .

3

Tutul aplikasi sing cocog, banjur tutul

PATENI yen aplikasi wis diinstal sadurunge

ing piranti utawa

OK yen aplikasi wes diunduh lan pengin dicopot instalane.

Ngatur ukuran lambang ing layar Ngarep

1

Penet terus bageyan apa wae ing layar Ngarep nganti piranti kedher, banjur tutul

.

2

Tutul

Ukuran ikon, banjur pilih opsi.